Kamis, 31 Oktober 2013

SIAPA NABIMU…?




SOPO NABIMU…?

Nabi Kito Iku Muhamad Arane
Bangsa Arab Cedak Kores Dukuhane

Ramane Jeng Nabi Iku Abdulloh
Lan Aminah Ibune Jeng Rosulillah

Lahire Jeng Nabi Iku Ana Mekah
Dina Isnain Wulan Maulut Tahun Gajah

Tanggal Rolas Waktu Subuh Kang Mencorong
Klawan Bersih Pupak Puser Sarta Jongkong

Bakdo Wahing Maring Alloh Sarta Angganda
Wangi Nganduk Ngeratani Kabehe Tangga


Lan Suara Tanpa Rupa Pada Bengok
Iki Bengi Nabi Muhammad Wis Ketok

Kanjeng Nabi Lahir Kurang Rongwulan
Ramane Wis Sido Ana Ing Pelungan

Ingkang Momong Lan Nyusoni Lan Kang Ngiyun
Nyai Halimah Ing Zaman Patang Tahun

Nuli Nyai Halimatu Sa’diyah
Pasrah Maring Aminatu Zuhriyah

Naliko Jeng Nabi Umur Nem Tahunan
Di Jak Lungo Ibune Nyang Pesarehan

Nuli Mampir Nyang Omahe Permiline
Ing Madinah Banjur Mulih Sak Putrane

Ana Salah Siji Deso Aran Abwa’
Ibune Jeng Nabi Sedo Kang Mendadak

Kanjeng Nabi Dijak Mulih Kelawan Aman
Oleh Embahe Ingkang Gendong Umu Aiman

Kanjeng Nabi Umure Kurang Wolung Tahunan
Kiyahi Addul Mutholip Sido Pisan

Banjur Derek Ingkang Paman Abu Tolib
Nganti Umur 50 Tahun Klawan Tertib

Umur 12 Kanjeng Nabi Di Jak Lungo
Pinanggihan Karo Suwiji Pendito

Buhairo’ Iku Arane Pendito
Paring Dawuh Becie Siro Balio

Naliko Jeng Nabi Umure Selawe
Lungo Menyang Syam Perlune Nyambut Gawe

Siti Khotijah Kang Duweni Dagangan
Wongkang Jembar Turkang Sugih Sarto Loman

Di Derekno Bature Aran Aisaroh
Hasile Akeh Pujine Alhamdulillah

Bakdo Iku Kanjeng Nabi Terus Rabi
Oleh Siti Khodhijah Kang Alus Budi

Naliko Jeng Nabi Umur Patang Puluh
Malaikat  Jibril Teko Ngasto Dawuh

Saking Gusti Alloh Maring Kanjeng Nabi
Unine Isro’ Bismirobbikalladzi

Bakdo Iku Kanjeng Nabi Terus Giat
Nyiarake Agamane Zat Kang Kuat

Gusti Alloh Pareng Dawuh Ngelakoni
Sholat Limang Waktu Saben Rino Wengi

Suwene Jeng Nabi Mimpin Rakyat Mekah
13 Tahun Nuli Pindah Nyang Madinah

Krono Negoro Madinah Iku Aman
Masjid Langgar Jejer Pinggir Ratan 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar