SOPO
NABIMU…?
Nabi Kito Iku Muhamad Arane
Bangsa Arab Cedak Kores
Dukuhane
Ramane Jeng Nabi Iku Abdulloh
Lan Aminah Ibune Jeng
Rosulillah
Lahire Jeng Nabi Iku Ana
Mekah
Dina Isnain Wulan Maulut
Tahun Gajah
Tanggal Rolas Waktu Subuh
Kang Mencorong
Klawan Bersih Pupak Puser
Sarta Jongkong
Bakdo Wahing Maring Alloh
Sarta Angganda
Wangi Nganduk Ngeratani
Kabehe Tangga
Lan Suara Tanpa Rupa Pada
Bengok
Iki Bengi Nabi Muhammad Wis
Ketok
Kanjeng Nabi Lahir Kurang
Rongwulan
Ramane Wis Sido Ana Ing
Pelungan
Ingkang Momong Lan Nyusoni
Lan Kang Ngiyun
Nyai Halimah Ing Zaman Patang
Tahun
Nuli Nyai Halimatu Sa’diyah
Pasrah Maring Aminatu
Zuhriyah
Naliko Jeng Nabi Umur Nem
Tahunan
Di Jak Lungo Ibune Nyang
Pesarehan
Nuli Mampir Nyang Omahe
Permiline
Ing Madinah Banjur Mulih Sak
Putrane
Ana Salah Siji Deso Aran
Abwa’
Ibune Jeng Nabi Sedo Kang
Mendadak
Kanjeng Nabi Dijak Mulih
Kelawan Aman
Oleh Embahe Ingkang Gendong
Umu Aiman
Kanjeng Nabi Umure Kurang
Wolung Tahunan
Kiyahi Addul Mutholip Sido
Pisan
Banjur Derek Ingkang Paman Abu Tolib
Nganti Umur 50 Tahun Klawan Tertib
Umur 12 Kanjeng Nabi Di Jak Lungo
Pinanggihan Karo Suwiji Pendito
Buhairo’ Iku Arane Pendito
Paring Dawuh Becie Siro Balio
Naliko Jeng Nabi Umure Selawe
Lungo Menyang Syam Perlune Nyambut Gawe
Siti Khotijah Kang Duweni Dagangan
Wongkang Jembar Turkang Sugih Sarto Loman
Di Derekno Bature Aran Aisaroh
Hasile Akeh Pujine Alhamdulillah
Bakdo Iku Kanjeng Nabi Terus Rabi
Oleh Siti Khodhijah Kang Alus Budi
Naliko Jeng Nabi Umur Patang Puluh
Malaikat Jibril Teko Ngasto Dawuh
Saking Gusti Alloh Maring Kanjeng Nabi
Unine Isro’ Bismirobbikalladzi
Bakdo Iku Kanjeng Nabi Terus Giat
Nyiarake Agamane Zat Kang Kuat
Gusti Alloh Pareng Dawuh Ngelakoni
Sholat Limang Waktu Saben Rino Wengi
Suwene Jeng Nabi Mimpin Rakyat Mekah
13 Tahun Nuli Pindah Nyang Madinah
Krono Negoro Madinah Iku Aman
Masjid Langgar Jejer Pinggir Ratan
Belum ada tanggapan untuk "SIAPA NABIMU…?"
Posting Komentar